Buku Pelajaran Lama Basa Jawi

Dijual Buku Antik dan Langka



" BUKU PELAJARAN BASA JAWI "


Bedaning pamanggih ina kalian jaman sapunika 


Piremba Ganipun Tiyang Sepuh Kaliyan Anak Ing bab Pangupajiwa
"Dados anggen kula bade dateng Semarang punika, niyat kula sinau, dene panyambutdamel kula punika malah nama samben pamedalipun kenging kula angge wragad anggen kula sinau wau".
Bok Nayapada: "Upamane kowe besuk wis pinter, banjur arep dadi apa?

Mireng pitaken punika, Darba kaget boten saget mangsuli, awit saupami carios bade dados tukang besi utawi masinis, sumelang manawi embokipun kaget malih. Dilalah Darba sumerep ing semu, enggal nyambeti kanti pangangkah ngeani embokipun, tembungipun : "Gampil ta, embok manaawi Darba sampun gadah kasagedan. Saupami panjenengan karsakaken kedah dados abdi dalem lajeng mlebet dateng Kartipura, utami kabupaten Kalang, mesti bleng kemawon, malah boten susah magang".

Bok Nayapada : "Lah kowe ana Semarang kuwe nek ana sukersakite, gek kaprije?"
Darba: "perkawis makaten sampun panjenengan galih sanget-sanget, embok, Anggen kula gadah kekencengan medal dateng ngamanca punika sampun mawi sebab warna-warni. Sapisan: prelu ngupados kasagedan. Kaping kalih: wonten kula ing Semarang wonten ingkang kula gondeli, inggih punika tuwan masinis. Kaping tiga: panjenengan sakaliyan bapak sampun wonten ingkang rumeksa, inggih punika mas Darya saha bakyu, tuwin sanak saderek sanesipun. Kaliyan malih jaman sapunika, Sala Semarang punika sapinten tebihipun?
Manawi wonten prelu semangsa-mangsa,enjing tilgram, sonten sampun sami saged papanggihan. Manawi sami tuwi, sadinten saged tulak?

Pamanahanipun pak Nayapada,rembang punika nama sampun padang, mituruti sedyanipun Darba dateng Semarang. Bok Naya-pada meksa nade pisah tebih kaliyan anak, kanti pangowel sakedik,dene Darba sampun meh dados abdi dalem carik-order, bade katilar. Pak Nayapada lajeng aken tata neda,tumanten sami neda, sinambi omong-omong bab sanes.


Dijual Buku Antik dan Langka Sastra Sejarah Dll
Dijual Majalah Cetakan Lama
Dijual Buku Pelajaran Lawas

Postingan terkait

Saya JAY SETIAWAN
tinggal di kota Bandung. Selain iseng menulis di blog, juga menjual buku-buku bekas cetakan lama. Jika sahabat tertarik untuk memiliki buku-buku yang saya tawarkan, silahkan hubungi Call SMS WA : 0821 3029 2632. Trima kasih atas kunjungan dan attensinya.

Buku Pelajaran Lama Basa Jawi

Posting Komentar